Rabu, 26 November 2014

KAPRIBADEN

SEJARAH SINGKAT KAPRIBADEN
"MIJILE KANG ROMO HERUCOKRO SEMONO"


Iki arep ndak ambali kanthi ringkes riwayat riwayat lakune ROMO HERUCOKRO SEMONO supoyo sik emben tumrap para putro sing lagi wae pada nderek.
  •  manunggal klawan mijil
  •  uga mangerti temen-temenan lungguhe manunggal klawan mijil

mulo dimaos sing kanthi becik temen-temenan supaya aja ana seling surup kang dhumadi;

  • salah ing panampa
  • apa dhene salah ing pangerten,
  • apa dhene salah ing tumanduk.
SEMONO kuwi jeneng wiwit timur. Panjenengane kuwi putrane Pak Kasandikromo.
nanging uga ana warta, yen SEMONO kuwi sabenere dudu putrane Pak Kasandikromo. suwargi Pak Kasandikromo tau ngendhikaake marang putro mantu yen SEMONO kuwi asale saka mataram. nalika timure, putro mantu Pak Kasandikromo mau nyumurupi, yen SEMONO duwe ayang-ayangen loro. ora mung putro mantu kuwi bae sing nyumurupi, malah kepara ana sawetara tangga teparo kang melu weruhiki mengko tandha paseksen, yen SEMONO dudu sabane bocah gunung . nanging  turase ngawirya, tedhake kusuma kang lagi siningngiake. awewaton kandha mau banjur tuwuh pitakonan: "SAPA TA SAYEKTINE SEMONO KUWI?" wangsulane "ORA ONO MANUNGSA KANG  BISA NYARITAAKE SEJARAHE RAGA NGANTI TLESIH SARTA SARASILAHE KANG CETHO. AMARGA PAK KASANDIKROMO DHEWE NALIKA SUGENGE MENDEL TAN KUMECAP."

  • Pak Kasandikromo peputro pitu: 1. chodijah(putri), 2. Supiyah (putri), 3. Ngasiyah (putri), 4. Semono (kakung), 5. Misih (putri) 6. Semar (kakung) 7. Sanah(putri)
  • manungsa jeneng semono dedalem ning kalinangka, gunung damar, kelebu wilayah kecamatan :loano. kab. Purworejo . karesidenan: kedu magelang, provinsi jawa tengah . ancer-ancer desa trirejo sejiwan  km:5 dalan gedhe purworejo  Magelang.
  • miyos ning dina : jumat pahing, sasi  rabiulakhir tanggal: 21 jam 1.25 tahun 1900.
  • panjenengane tilas serdadu, pensiunan kapten angkatan laut , komandan keamanan pangkalan surabaya nganti tahun:1958
  • garwane loro: 1. kang sepuh asma: Ngarinem 2. kang timur asma: Tumirin (loro pisan ora duwe  turun.)
  • mijil nalika tanggal 14 november 1955, dina senin pahing, jam 18.05 ning jalan perak barat nomer 93 surabaya.
  wiwit iku asmane; HERUCOKRO jangkepe HERUCOKRO SEMONO.

mangkene:
nalika dhina senen pahing kasebut jam enem limang menit ragane kang Romo purworejo dhuk nalika semono isih dhumunung aneng suroboyo.
iki adu arep karo bocah wadon aran sri mukani. sri mukani iku nandang lara wis pirang-pirang taon lawase durung wicara klawan liyan, saka anggone nandang roba.
nadyanta maneka warna kang wis ditindhakake murih  dhadhi lan warase, usada sakehing usada, tamba sakehing tamba  dianggo ning meksa ora waras.
nalika kuwi bocah wadon mau banjur ana sasmita sakjerone dhadhane, kinen upaya usada saka opsir angkatan laut.
lha didhunungake papan dhununge opsir mau. mula bojone tansah sraya upaya mring opsir mau.
wekasan ketemu klawan keng Romo.
keng Romo banjur diboyong aneng omahe sri mukani mau.
ing kono sakwise Romo lenggah , sri mukani kang maune biasane mung ngathang-athang ora biso obah iku saknaliko gumregah tangi ngadeg banjur ngagem busana methukake keng Romo banjur lungguh sejajar.
kang Romo diundat-undat ora karuan dielokake:
  • apa iki dukun angkatan laut sing bisa marekake aku? jajal cobanen katiyasanira, tokno kesaktenmu!
lha keng Romo ditantang mengkono, banjur anandhuake apa kang dadi kabisane.
sakabehing usada, sakehing usada, katiyasan sakehing katiyasan jangkep dilolosi thok.
gegebengan kang pamungkas kuwi kang dhen darbeni, dhene keng Romo, ora mempan malah diguyu:
  •  "yo tokno gegebenganmu, pirang gunung anakan gawa rene tak emploke."
lha malah ditantang, lha keng Romo deleg-deleg, malah didhukani:
  • apa koyo ngono patrap tingkahe satriya heh?
  • apa jenengsira lali dhuk nalika tahun pitulas?
  • aneng telenging samudra jenengsira!
  • apa kang wis ingsun dhawuhake marang jeneng sira heh?
  • yen jenengsira satriya elingo!
saknalika kang Romo dielingake tahun pitulas yokuwi, dhuk nalika keng Romo isih
  • topo brata aneng guwa singo barong.
  • aneng nusakambangan
ana ning kono ana swara tanpa rupa dhuk nalika keng Romo nampani 
  • kembang cangkok wijaya kusuma- kembang wijaya kusuma.
ana swara kang tanpa rupa kang ndawuhake mengkene;
  1. angger putraningsun wis cukup badarno anggonmu teteki.
  2. mbesuk yen ana tahun lima-lima meh entek,  jenengsira dhumunung aneng wetan,
mengko:
  1. jenengsiro bakal ketemu kadhangsira banjur ana!
iku swara kang den rungu tanpa ana wujud. mula nalika keng romo adu arep karo Sri mukani.
saknalika eling swara kang dhawuhimau kuwi, saknalika saka telenging dadane kang Romo rasa geter banjur gregah, geter sakujur medar sabda:
  • heh yayi jenengsira Sri sejati garwaningsun.
banjur dhawuake yayi sri sejati saknalika sing lara mudun saka palenggahan repepeh-repepeh marak ing ngarsane kang Romo.
"duh jeng pangeran sesembahan kula rinta hangaturaken sembah pangabekti njeng pangeran"
ing kono banjur ana patemon loro kang siji sinebut ROMO kang siji sinebut SRI SEJATI.
iku temone wong loro mau aneng wilayah kang diarani SURABAYA pas tanggal 14 november 1955, jam enem limang menit dina senin pahing.
  • yo ning kono ginugah banjur romo mijil.
sakwise kang romo sapatemon klawan ibu Sri sejati banjur 
  • IBU SRI SEJATI KEDHAWUHAN MANUNGGAL SAK RAGA KLAWAN KENG ROMO.
mula oncat saka anggone Sri mukani, kanjeng ibu ya banjur manunggal dadhi siji klawan keng Romo.
ing kono lakune manunggale ibu sri sejati, sanalika:
  • mujud aneng astane Romo
  • sumping putih akik putih kembang perak putih
nurut wong seje, Romo kaya dhene wong owah, nanging orah owah, rina klawan wengi awake geter sak kujur. melbu aneng sentong ing dhaleme, nganti keng putri ya garwane kang Romo uga iki mau:
"walah pakne sugeng kuwi ora kuat kanggonan ilmu banjur owah"
nanging sakjroning sentong kono mau yen dirungokne:
  • swarane gurunggung pirang-pirang lanang wadon pada nyuwara nanging diinceng teka semono siji sing katon.
kosokbaline:
  • padang njaba kang katon nglangut
  • lintang dhene gelagapan
  • pating clorot-cumlorote wahyu-wahyu manunggal dadhi siji
  • kang awujud cahya maneka warna
  • pada pating cumlorot nibani payone dhaleme kang Romo kang nalika kuwi ana dalan perak barat no 93 nyang kutha surabaya
nadyan kepiye bae ringkese kabeh:
  • KUMPUL NUNGGAL NYAWIJI KLAWAN KANG ROMO
saknalika kuwi kang Romo banjur diwejang dhening WAHYU-WAHYU kang TIMBUL NUNGGAL SAWIJI MRING SLIRANE.
maneka dhawuh didhawuhake:
  • "ANGGER PUTRANINGSUN, JENENGSIRA SUN PARINGI PURBA WASESANINGSUN, PANJENENGAN INGSUN IKI MAHA SUCI. SIRA INGSUN AGEM, INGSUN PIJI DADHIYA PUTRANINGSUN KANG SEJATI! KANGGO ANANDHUKAKE DHENIRA KARSANINGSUN ANGGELAR JAGAD ANYAR ING ALAM DONYAKENE
mula kang Romo banjur matur:
  • walah kula punika lare cubluk, bodho, balelo.
  • lare gunung, lare dusun, sekolah mawon mboten tutug. lha kok badhe kadhawuhan ingkang kados mekaten? punapa inggih kula mangke badhe saget ngayahi?

  • "ANGGER PUTRANINGSUN, PANJENENGAN INGSUN IKI 'URIP SEJATI' SEJATINING URIP SINEBUT 'MAHA SUCI'. JENENGSIRA MUNG KARI ANANDHUAKE PURBAWASESANINGSUN kang  BAKAL GAWE JENENGSIRA BISA.
  • MULAJENENGSIRA INGSUN PIJI OJO WAS LAN SUMELANG. JENENGSIRABISA NGELAKONI APA INGKANG INGSUN DAWUHAKE. 
  • JENENGSIRA YEKTIPUTRANINGSUN KANG SEJATI"
Mula sakwise kuwi akeh wejangan-wejangan sejene kang didhawuhake dening KANJENG RAMANIRA marang kanjeng RAMANIRA RAGA.

  • lha lebar kuwi banjur nampa pisowane PUTRANE RAGA KANG ROMO.
kang uga pada-pada ngestu nang angkatan laut, iya kuwi kang aran SUDARMO EFENDI. Lha kuwi banjur diajak nang tengahing alas, ing kono kadhangira Sudarmo efendi diwejang unine KUNCI nanging sadurunge kuwi ragani diteter nganti rembah kaping telu geblak semaput, mergo ora kuat nampani abote peparinge
  • KUNCI kuwi nyata ABOT-ABOTE ABOT
nanging wekasan khadangira Sudarmo efendi banjur MIJIL:
"MIJILE SATRIYA SEJATI SEJATINE SATRIYA SUGRIWA ASMANE. SUGRIWA KUWI DADHI PUTRA SEJATI KANG SEPISAN, BANJUR MUNCUL SEJE-SEJENE."
mula mengkono lebar kuwi banjur kaya laron kang weruh padange lampu pathing kemliwik pada teko marak nyuwun manunggal
" KUWI RINGKESE LAKONE MIJILE KANG ROMO"
dadhi kang rama raga nindhakake kaya mengkono kuwi dhudhuk karepe dewe ning
" KARSANE MAHA SUCI"



*CATETAN:

  1. Tulisan iki punika mung damel gosok ginosok kalian kadhang-kadhang sedaya.
  2. Tulisan Iki uga kapendhet saking katah sumber.
  3. Menawi wonten pitakonan, punapa tulisan ingkang mboten dimangerteni artosipun, saget dihubungi tlp/sms nomer hp (089 621 817 407)

0 Komentar:

Posting Komentar

Berlangganan Posting Komentar [Atom]

<< Beranda